Jumat, 22 Juni 2018

Teks MC (Muqosimul Auqots)

Teks MC Yasin Dan Tahlil Bahasa Jawa




Assalamu'alaikum Wr. Wb.



Khodrotilmuhtaromin para alim ulama, tokoh agama tokoh masyarakat, para ustadzengkang kaulo hormati.

Dumateng sohibul bait nggeh meniko Bpk________ Sekeluargo ageng ingkang kawulo hormati

Poro bapak, saha mas mas jamaah yasin DARUL MUHLISIN ingkang kawulo hormati ugi

Sepindah monggo kita tansah ngatah-ngatahaken sukur dumateng Alloh SWT, dene menopo kita taksih keparingan hidayah saha inayah sehingga saget makempal wonten Dalemipon Bpk ______ Dalam acara Rutinan Yasinan khanti sehat wal afiat lan mboten enten halangan setunggal punopo.

Mugi mugi kempal kita dalu meniko mbeto manfaat saha maslahah kagem gesang kita fi dunya wal akhirah.

Sholawat saha salam mugi tetap kunjuk dumateng junjungan kita nabi agung muhammad SAW, mugi mugi kita termasuk golongan ipun tiyang-tiyang ingkang bejo nampi syafaat awet dunyo dumugi yaumul akhir mangke.



Bapak bapak jamaah yasin ingkang kawulo hormati, Teng mriki Bpk _______ sepindah ngaturaken matur nembah nuwon atas rawuh panjenengan ipon sedoyo, mugi-mugi rawuh panjenengan sedoyo dipun catet minangka amal kesahenan ingkang mbeto manfaat lan maslahat kagem kehidupan kita awet ndunyo ngantos akhirat mangke.

Selajengipon Bpk _______ nyuwun khanti keiklasan penggalih kulo lan panjenengan sedoyo supados nderek ndongak’aken dumateng arwah leluhur sangkeng Bpk _______ ingkang sampun sumare wonten alam kubur.

Sepindah nggeh meniko ________
________

Mugi2 arwah sampon kasebat meniko amal ibadahipon ditrimo dining Allah SWT.
Amin yarobal Alamin

Para bapak ingkang kawulo hormati,
Selajengipon disuwon penggaleh panjenengan nipon Bpk ____ sebagai imam waosan Yasin.. Selajengipon Do'a dipipin panjenengan Bpk_____ lan imam Sholat Isya' nggeh meniko Bpk_____

Sak derenge ipon, kulo haturaken maternembah nuwon.
Sangkeng kulo.. mbok bilih wonten enten klinta klintune kulo nyuwon agunge pangapunten lan Dumateng Allah Kulo Nyuwon magfiroh..
Akhirulkalam
Ihdinasirotol mustaqim

Wassalamu’alaikum wr wb.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar